Thursday, December 13, 2018

Korban Omdo


sekedar berbagi pengalaman..
iki mamang tukang tahu gejrot lagi cerita..
beberapa hari yg lalu tukang tahu gejrot kiyen waktu dzuhur marek ning tempate kula.. jare tulang tahue mas punten ari umahe ibu yuli ikuh umahe ning sebelah ende ya?.. jare kulae ibu yuli sapa mang?.. T tahu: ikuh jeh sing anake lagi ulang tahunan..jare jeh umahe seburie balai desa.. jare kulae kayae laka mang aran ibu yuli kuh.. emang ana perlu apa mang?.. jare tukang tahue ikuh wonge pesen tahu gejrot kanggo acara ulang tahunan anake.. munie marek bae umahe seburie desa.. jare kulae sampeyane seng ende mang?.. jawabe seng pasar caplek.. cuma wong kang mau pesene apan tuku plastik ndikit jeh ning pasar caplek.. terus jare kulae wis ngupai dp durung wonge mang?.. jawabe durung jeh..
nah.. sementara tukang tahu gjrote lagi ngulati alamat..ikuh wong kang mau pesen tahu jrote mareki istrie tukang tahu sing lagi dagang es ning pasar caplek.. ngomonge mba jaluk duit jeh kanggo tuku tempate tahu jrot jare lakie.. ninggange ikuh istrie tukang tahu jrote duwe rasa curiga lan dagang es e durung oli duit dadi ora dipai duite..
naah.. sewise tukang tahu e jental jentul ning kene ngenteni wong kang mau pesen laka tangal tongole ber jam jam..dadi jare kulae wis bae mang balik sampeyan ikuh di bobadi deneng wong..karna ning kene laka aran wong kuwen kuh..akhire wis suwe tolian balik tukang tahu e..

kang gawe melas sih tiap ana wong apan tuku tahu jrote diwarae wis diborong mba,mas..asale wis dipeseni jeh dadi kitae ora wani ngadole jeh..

sewise teka ning caplek jare wong tukang becae ikuh ciri cirie wonge gede duwur gendut ireng ya.. kang ndipit gah nipu tukang beca.. ngomonge mang anternang gedang seng tukang gedang ning umahe wong kuwen.. disaat perjalanan tukang beca marani tukang gedang ikuh wonge nyili duit ning tukang becae ngomonge asale keentokan jeh duite dadi mengko diganti ning umah sekalian karo ongkose..
dadi intie ati ati bae.. wong kuen moduse ble ado karo model mekonon..

keder bele ya macae dalan critae.. kula dewek gah keder..

wis mekonon bae
kesuwun..